Sabtu, 06 Agustus 2016

Razia Prostitusi lan Sadean Inuman Beralkohol Tansah Ajeg Katindakaken


Kagem nebihaken masyarakat saking tumindak maksiat, Pemkab. Bantul tansah ajeg nindakaken operasi/razia tumrap para bakul inuman beralkohol lan papan-papan ingkang asring dipun agem pelacuran. Awisan menika ugi tansaya tegas kanthi dipun wedalaken pranatan Perda No 5 tahun 2007 tentang Pelarangan Penjualan Minuman Beralkohol. Makaten kaaturaken Assisten Pemerintahan Kabupaten Bantul Drs. Misbakhul Munir nalika paring sambutan dumateng rombongan tamu DPRD kabupaten Jepara, Senin ( 13/5 ).
Sanesipun katindakaken operasi/razia dadakan ingkang asring damel ribut toko utawi papan maksiat, Pemerintah Kabupaten Bantul ugi makarya sareng kaliyan masyarakat sarta aparat kepolisian kagem mbengkas kemaksiatan. Partisipasi masyarakat sanget mbiyantu kagem mberag pelacuran lan inuman beralkohol saking Bantul. Masyarakat ugi dipun suwun enggal lapur dateng Sat Pol PP menawi manggihi wontenipun tumindak prostitusi utawi sadean Inuman beralkohol pangandikanipun Kitri H saking Sat Pol PP Bantul. Panyengkuyung aparat kepolisian ugi sanget mbiyantu lampahipun penertiban tumindakipun para pelaku maksiat. Makarya sareng kepolisian langkung kiyat nalikanipun razia utawi mikut oknum.

Samukawis bentuk penertiban, pengawasan lan pembinaan tansah katindakaken Pemda Bantul lumantar Sat Pol PP, perkawis menika minangka bentuk pangejawantahan saking Perda ingkang sampun katertibaken. Kathah wewates lan pranatan ingkang kedah dipun singkiri, antawisipun sadean inuman beralkohol namung pikantuk wonten papan-papan ingkang sampun katemtoaken mawon, kedah wonten label botol inuman lan SIUP inuman beralkohol. Operasi/razia wonten titik-titik ingkang nyubriyani kagem sadean inuman beralkohol utawi tindak pelacuran tansah dipun rondhani dening Sat Pol PP. Sedaya pihak ingkang ndherek nindakaken tindak maksiat kaparingan pidana. Perkawis menika kita tindakaken supados Bantul tertib lan resik saking kemaksiatan. Tambah Kitri H. (https://bantulkab.go.id/pawartos/189.html)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar